Syi'iran Santri Di Kala Ngaji Di Mushola Desa

Bang Imam
0
*_Selamat Hari santri internasional_*

Kawit cilik aku dadi santri
Ngaji no langgar diwulang Kyai
Kadang nangis ra gelem ngaji
Dibedo cah gede sandalku ilang siji.

Udan ra udan sing penting ngaji
Moco qur'an yen jum'at berjanji
Kadang entuk jajan kadng ra mesti
Sing penting berkah ridlo Kyai.

Bareng wes gede lagi ngerti
Ngelmu ndek cilik manfaati
Dadi pejabat dadi Bupati
Mimpin Umat wani ngayomi

Matur suwun romo Kyai
Ikhlas paring ngelmu aji
Kulo gegem nggo gandulaning ati
Noto urip lan sangu mati

Umat butuh umaro'  tulodo
Bareng Ulama' noto menungso
Nggagas, ngucap, laku satriyo
Dunyo akhirat bejo mulyo

Ayo- ayo rungokke dawuh Kyai
Najan pinter teknologi
Managemen lan sains masakini
Nanging qur'an ojo lali

Alahamdulillah santri saiki
*Nganggo sarung klambi lan peci*
*Nyemak qur'an ra tau lali*
*Buka laptop kuasai informasi*

*Allahu Akbar    Nusantara bersinar*
*Allahu Akbar*
*Santri berikrar*
*Allahu Akbar*
*Panjiku berkibar*
*Allahu Akbar*
*Maha Besar* .......

*_Selamat Hari Santri Nasional_*
Tags

Posting Komentar

0Komentar

Posting Komentar (0)